S e l a m a t M e m b a c a !!!!!! ...S e l a m a t M e m b a c a !!!!!!....S e m o g a B e r m a n f a a t!!!!!

Minggu, 17 April 2011

Candi Prambanan


Candhi Prambanan

Candhi Prambanan uga diarani Candhi Lara Jonggrang. Candhi iku wis kawentar tekan ngendi-ngendi. Ora mung sajroning nagara, saben taun wong saka manca nagara mayuta-yuta cacahe mrelokake weruh saka cedhak blegere Candhi Prambanan.
            Candhi Lara Jonggrang tinggalane leluhur ing jaman Hindhu. Ana panemu kang mratelakake manawa Candhi Prambana kuwi asli yasane Prabu Daksa kanggo nyimpen awu jisime Sang Prabu Balitung. Ana maneh sing ngandhakake menawa Candhi Prambanan kuwi yasane Prabu Rakal Pikatan minangka tandha prasetyane marang garwane aran Dyah Ayu Pramudawardani.
Miturut dongeng, Candhi Prambanan iku gaweane Raden Bandung Bandawasa. Raden Bandung Bandawasa kepengin nggarwa Dewi lara Jonggrang. Sang Dewi ora gelem. Sang Dewi nolak nganggo cara alus, gelem digarwa angger digawekake candhi sewu cacahe, kudu dadi ing sawengi. Raden Bandung nyaguhi.
Kocapa durung nganti sawengi panggaweane candhi wis meh rampung. Lara Jonggrang enggal-enggal nggugahi abdine, dikongkon mbukaki kandhang pitik lan padha klothekan lumpang. Raden Bandung ngira yen wis raina. Mula, anggone gawe candhi dilereni.
Temenan barang dietung cacahe lagi sangang atus sangang puluh sanga. Ateges kurang siji. Mesthi wae Lara Jonggrang disotake dadi watu kanggo ngganepi cacahe candhi sewu.
Candhi Lara Jonggrang kuwi cacahe pirang-pirang dikupengi pager tembok. Ing plantaran tengah ana candhi cacahe enem. Larikan mujur ngidul ana telu, sisih wetan ana telu. Candhi larikan kulon  tengah arane Candhi syiwa, madhep mangetan, adhep-adhep karo Candhi Nandi utawa Lembu Andini, titihane Bathara Syiwa.
Candhi Syiwa duwe kamar cacahe papat. Kamar sisih wetan ana recane Sang Agastya. Kamar sisih kulon ana recane Sang Ganesya. Dene sish lor ana recane Bathari Durga. Recane Bathari Durga iku kesuwur aran Lara Jonggrang.
Sarehning Candhi Lara Jonggrang iku warisan adi luhung, mula prelu dilestarikake